Klamit…Kula Bumbu Lading, ketemu maning nang dopokan Simpul Pramuka lembaran kiye. Muga muga rika lan kanca batir kabeh padha sehat .
Ora krasa sedulur, cempulek tahun 2021 rampung lakone,sekiye mlebu tahun anyar 2022.
Sekiye inyong,rika lan sedulur kabeh tumapak mlaku nglakoni panguripan nang taun 2022, ora mung rika karo inyong thok sing ngrasakna gilir gumantine kahanan, nanging klebu uga kang Nakim ,mbekayu Borek lan ua Ca.
Kaki Ca sing sore kue kaya padatan thengk thengk jagong sila nang risban ngemper umah, karo kalad keled nyruput teh anget buket sing esih kemebul.
Pendelenge nglangut penggagase nglantur ngangen angen panggraitane sing agi bringsung merga gilir gumantine taun.
