Sajrone ngalamun,kaki Ca ora slirik ketebang ketebang tekane kang Nakim, dadi ciri lan kabiasane kang Nakim nganggo iket dheblengan lan bengkung sarung sing mangslup maring mahe lan njejeri jagong nang risban.
Tekane kang Nakim nang jejere , marakna kaget kaki Ca. kaki Ca njingkut seporete, ndeleng kahanan sing mengkonon kang Nakim gemuyu kami kekelen.
Sekeloron anthk gedheg banjur padha dopokan katon buket mbleketaket pisan, kang Nakim ngdarasa,yen lakon urip nang taun 2021 jebule tamat, kahanan urip nang tahun 2021 babar blas ora digagas, ora dinyana lan ora ndipe saurunge.
Pageblug raja pati,lan kecingkrangane penguripan kabeh masyarkat ndadekna kahanan tahun 2021 dadi kahanan sing peteng dhedhet.
