Nanging emut sedulur kanca batir kabeh,padha eling, aja kur ngrasa seneng thok nang taun anyar kiye, nanging mayuh bareng bareng padha nylinguk githok, basa menterenge Introsepeksi dhiri, apa sing uis dilakoni nang inyong lan rika padha sajrone taun 2021, sepira pengurbanane lan smbang sihe inyong lan rika padha kanggo bangsa lan Negara ?
Umpamane inyong lan rika padha urung teyeng netesna kringet kanggo bekti maring bumi Nusantara, lan urung teyeng nandur kebecikan, mayuh nang taun anyar 2022 kiye padha tangi atine, gumregah semangate mlaku bareng kanggo nganyari tekad lan semangat ngapiki kahanan
Bareng bareng taun anyar kiye didadekna taun berkarya, kanggo mujudna kahanan supaya urip lan sumringah maning kahanan ekonomi, social budaya lan pakaryan, murih gegayuhan urip sejahtera enggal dadi kasunyatan.
