Klamit…. Kula bumbu lading’
Ketemu maning karo inyong nang dopokan simpul pramuka lembaran kie. Muga – muga kanca batir sedulur kabeh pada sehat seger waras.
Ora krasa sedulur cempulek inyong wis mlebu maring wulan Agustus 2022. Yakuwe wulan lair lan merdekane bangsa Indonesia sing uwal sekang penjajahan.
Wulan Agustus kuwe wulan sing kramat tumrape bangsa Indonesia merga ngemu sejarah lan mujudaken wulan sing nggawa bangsa Indonesia maring jaman kemerdekaan. Mulane sabeb-saben wulan Agustus mesti kabeh rakyat Indonesia pada cancut taliwanda, saeyeg saekokapti. Maju bareng, grengseng ngrameni dina kemerdekaan.
Ora tua ora enom, ora gede ora cilik kabeh pada dumandang bareng kanti ikhlas, seperlu ngormati jasane para pahlawan kemerdekaan sing wis ngorbanaken jiwa lan raga uga tekan wutah getieh dilakoni mung kanggo ngrebut kamardikan.
Lha mulane kanggone rika lan nyong kabeh siki nduwe kewajiban ngisi kemerdekaan, kanti cara berbakti maring ibu pertiwi sing ora nana mandege, bahasa menterenge berbakti tiada henti seperlu kanggo gawe kuwat lan kokoh kukuhe bangsa Indonesia.
Berbakti maring ibu pertiwi aji ngasi mandeg, ora keri kalebu uwa Ca Menawi, kang Nakim lan mbekayu Borek melu bae gemreged berbakti najan mung masang umbul-umbul, nyapu latar, lan masang gendera abang putih. Nanging kuwe wujude sing nyata ngisi kemerdekaan.
Sing sesuai karo kemampuan awake dewek-dewek. Mulane mayuh kabeh para seulur para pemuda kita berbakti tanpa henti kanggo kemajuan Ibu Pertiwi, supaya bangsa lan negara Indonesia tambah kukuh, tambah kuat lan mandiri.
Ayuh kita pada bareng-bareng kumpul bebasan kaya rubung-rubung tawon. Bubar rubung-rubung ngolihaken madu, aja ngosi rubung-rubung keong, bubar rubung-rubung mung ngasilaken umpluk sing ora kanggo nggawe.
Nah kayane cukup semene sedulur, moga rika tetep pada slamet, sekali merdeka tetap merdeka.
Klilan
