Dopokan | Sapu Sada – Dening kang Tarko

Dopokan Kak Sutarko
Dopokan Kak Sutarko

Klamit……kula Bumbu lading.

Ketemu maning kanca batir sedulur nang dopokan Simpul Pramuka lembaran kiye, muga kanca batir sedulur kakak Pembina , anak anak lan adhik adhik kabeh padha ginanjar seger waras .

Inyong kabeh keluarga pramka kabupaten Purbalingga, nang awal taun 2022 kiye bersukur lan melu bungah merga Kwarcab kabupaten Purbalingga wis duwe pengurus anyar kanggo pengabdian masa bakti 2022 tekan 2026.

Kepengurusan siki diketuani dening panjenengane Kak Tri Gunawan Setyadi sing dhinese ngasta kepala dhinas Pendhidhikan dan Kebudhayaan kabupaten Purbalingga.

Bacaan Lainnya

Kepungurusan Karcab siki kejaba diada adani nang pak Tri Gun minangka ketua uga kabiyantu dening pengurus liyane sing cacahe nganti akeh wong, sing binagi ana bidhang penggulawenthah babagan Bina Mda, Bina dewasa, Bidang Humas Abdimas, Bidang Protokoler,Bidang Orhum,Bidang KeuSarpras lan uga ana bidhang anyar yakuwe Bidang satuan.

Krungu lan ngerteni yen Pramuka Purbalingga wis nduweni pengurus anyar sing cacahe akeh banget, Uwa Ca Menawi ngudarasa, akehe pengurus kuwe di ibaratna kaya sada sing wis dijiret nganggo usu banjur malik dadi sapu sada.

Sada angger ijen padha ijen, misah siji karo sijine ora kanggo gawe lan gampang ditugel tugel, gampang direntek rentek lan gampang diobrak abrik merga ora nduweni kekuatan.

Nanging angger sada sing akeh dijiret dadi siji banjur dadi sapu sada, mbalik dadi kuat, ana kanggo gawene yakuwe kena nggo nyapu lan payu di dol mula bias ngasilna dhuwit.

Karo nyruput wedang clebek sing esih kebu kebul,uwa Ca Menawi mangu mangu pemikire, nggraita keprie reka dayane Gus Tri Gun supaya teyeng nggerakna pengurus sing akeh kae dadi tim kerja sing guyub rukun teyeng bareng bareng ngayahi jejibahan kanggo mujudaken kekarepan luhur kwarcab Prbalingga kapingarepe.

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *