Mangking nggandem lan nglangute gole mangu mangu, Uwa Ca nganti ora ngerti yen kang Nakim wis ana nang jejere. Ndeleng Uwa Ca sing agi mangu mangu, Kang nakim nyela takon, agi mikir apa rika wa ? tek gatekna kawit mau koh mangu mangu, kayane nglangut!
Ngrungu ana suara pitakone kang Nakim, Uwa Ca njimprak kaget njingkut kaya wong diantup tawon. Uwa Ca banjur mangsuli pitakone kang Nakim, kaya kiye kim…inyong agi bungah karo semelang,
Merga Paramka Purbalingga siki wis duwe pengurus anyar sing cacahe akeh banget ,kepriwe mengko reka dayane Gus Tri Gun mengko gole nggerakna kanca batir pengurus.
Krungu pengudarasane Uwa Ca Menawi sing mengkonon, kang Nakim banjur melu urun urun penemu, kaya kiye wa, jere mbekayu tebok ana paribasan rukun agawe sentosa, crah agawe
bubrah, maksude pakaryan abot kaya ngapa angger digarap bareng bareng bakal dadi entheng, mbekayu Tebok uga tau ngomongna, maneka warna pakaryan angger dilakoni nang pawongan sing ngerti lan paham maring tugas lan jejibahane, pakaryan kue bakale tuntas.
Sajrone kepengurusan apa bae angger penguruse paham lan ngerti tgase dhewek dhewek lan kompak karo pengurus liane mesthi bakal lancer. Kanggo ngerteni tugas lan jejibahane, para pengurus anyar sing siki olih amanat sekang anggota, kudu tansah sengkud golet kawruh lan pengerten babagan tugas nang bidhange masing masing.
Uwa Ca Menawi Sekanca batir percaya yen Gus Tri Gun, minangka pilot Kwarcab Purbalingga bakal teyeng ngebur aken pesawate mabur dhuwur gawe pramuka Prbalingga tambah misuwur.
Penjaluk lan dongane Uwa Ca menawi sekanca batir muga muga kepengurusan kwarcab Purbalingga padha golong gilig nyawiji,nunggal karep atine rilakaken wektu,pikiran,lan tenaga kanggo kemajuan lan kejayaan Pramuka Purbalingga. Cara mbekayu Tebok jere Satu Hati Pengabdian untuk Pramuka.
Mengkonon gendhu gendhu rasane Uwa Ca sekanca batir, donga sing tansah mbanyu mili kanggo kabeh pengurus kwarcab Purbalingga muga bias nindakaken amanat kanthi lancar.
Cukup semene dhisit sedulur dopokane kang tarko karo Uwa Ca sekanca batir.
Klilan………muga muga bias ketemu nang dopokan candhake…
