Dening : Kang Tarko
Klamit…….kula Bumbu Lading …..ketemu maning nang dopokane Simpul Pramuka.
Ora kaya padatane, biasane angger sore sore, kang Nakim sing kloyong klinong maring gubugane Uwa Ca Menawi, utawa mbekayu Borek sing ngendong maring gone uwa Ca.Nanging sore kuwe wong sketelon wis padha dopokan nang gone kang Nakim.
Barat gurubugan mangsa kesanga sing gemrubyug ngibrit maring ngidul parane, nambahi gayeng dopokane wong telu kuwe.
Mbekayu Borek sing nembe rampung mberesi blarak terus senggene melu njagong nang jejere uwa Ca Menawi, mbekayu borek keton bombong banget praupane. Kang Nakim takon , rika bungah temen ana apa yu ? mbekayu Borek banjur semaur, inyong agi bungah banget rasane, sukur pisan atine
