Klobot
Karo ngempot klobot klagenane, Uwa Ca Menawi nyambung takon,,bungah ana apa Rek…? Kiye wa, kon ora bungah kepriwe jajal,Pramuka Kwarcab Purbalingga Tahun 2021 sekiye panen Juara nang lomba Kwartir Derrah Provinsi Jawa Tengah.kaya kuwe wangsulane mbekayu Borek karo kiprak kiprak bungah bnaget..
Kang Nakim sing urung ngetri mula bukane, nyelani takon, panen juara apa bae ? banene koh nyenengna temen ?. Mbekayu borek banjur menyat njanggleng karo njunjung tangane mulai ngetung karo nekuk jenthik.
Kiye rungokna Bidang Humas Prookol Juara siji, bidang Bina Muda Juara telu, Bidang Organisasi hukum juara telu, Bidang Abdimas Lingkungan Hidup juara telu, sing kabeh mau klebu nang tataran tingkat Utama.
Krungu wangsulane mbekayu borek sing genah tur gambling, Uwa Ca Menanawi manggut-manggut melu seneng, Uwa Ca Menawi Banjur aweh kojah, pancen Kuwe ora salah
Bener banget Pramuka Purbalingga sing di Pimpin dening Pak Beno pancen tambah gayeng lan Grengseng, Pak Beno piyayine Visioner, penguruse pada Inovatif, kreatif, guyub lan kompak, bebasan kaya T umbu Nemoni Tutup, dadi memper bae angger taun kiye Kwarcab Purbalingga Panen Juara.
Mulane Uwa Ca Menawi njaluk maring kabeh pengurus lan anggota Pramuka Purbalingga kudu tetep kompak semangat maju bareng kanggo mulang wuruk generasi muda Purbalingga, semangat maju terus,,, saeyeg saeka praya holobis kuntul baris
Salam Pramuka
Klilan..
