Bareng-bareng Neng Kemajuan
Mulane mbekayu Tebok lan Kang Nakim ajek mayuh bareng-bareng neng kemajuan jaman sing wis kuncara kaya siki, aja pada kelalen tetep ngugemi anane jati diri, karakter bangsa Indonesia sing wis keceluk muluk kejala pria yakuwe bangsa wetan.Sing uripe tansah kaengket kanti subasita, tepo slira, lan ngadepaken prikemanungsan. Mulane mbekayu Tebok lan Kang Nakim njaluk pemerintah golehe mbangun kudu seimbang antarane mbangun fisik lan mbangun mental budi pekertine rakyat. Sing minangka dadi pondasi bangsa sing paling kuat. Yen moral, etika lan karakter bangsa kuat, insyaallah negara bakal kuat.
