Dopokan | Kembang Lambe

Dopokan Kak Sutarko
Dopokan Kak Sutarko

Uwa Ca malah tambah wedi lan was kuatir merga krungu jere siki ana corona varian anyar sing arane Varian Delta.

Siki lagi dadi kembang lambe, mergana jere varian delta lewih mbebayani.

Karo netesna luh sing mili sekang jlegongan mripate, uwa Ca menawi Ndonga muga kabeh anak putu padha seger waras slamet kalis sekang pageblug.

Salah sijine kanggo njaga keslametan awak inyong rika kabeh padha kudu Disiplin nglakoni Protokol Kesehatan , aja ngasi klalen wisuh tangan sing bersih, nganggo masker sing bener, aja dhempelan, lan aja padha rubung rubung.

Bacaan Lainnya

Sore kuwe uwa Ca katon sluntrut, ora nana wong sing go batir dopokan, merga kang Nakim lan mbekayu Tebok wis rong dina ora bali lagi tilik anak putune sing ana nang kota. Kang Nakim duwe sanakan tinggalane ramane gemiyen, nanging tekan siki isih raket banget pasedulurane, rakete nglewihi kaya tunggale dhewek sing pedhotan usus.

Mbekayu tebok tilik anak wadon sing nembe bae diparingi momongan anyar, sing manggone nang perumahan mburi SMP loro Purbalingga.

Anak wadone mbekayu tebok nyambi dodolan mbukak Kedai Faiq lan Angkringan Perut Kenyang Hati Senang sing mapan ana ning jalan Kemuning Raya No. 22 Perum Gria Abdi Kencana Purbalingga .

Unggal sore angkringane kebek bocah bocah nom sing pantaran umure bocah SMP, SMA lan SMK. Mbekayu Tebok getun, atine mbenahi rasa sing penasaran, kenang apa bocah bocah padha betah banget nang angkringan Perut Kenyang Ati Senang kawit sore tekan wengi,malah ana sing tekan esuk nembe bubar.

Mbekayu tebok takon maring anake wadon, apa bocahan kae padha ora domeih rama biyunge padha njajan mengi mengi ora bali ? anak wadon mbekayu tebok sing wis suwe urip nang kota, kur mesem pendhem, seperlu njaga ati lan perasaan mboke , kanthi sopan lan santun, anak wadon mangsuli pitakone mboke.

Anu Mbok. Lare lare niku mboten namung njajan thok, nanging lare lare niku nyambi sinau, nggarap tugas saking sekolah, merga seniki sekolahe modhel daring. Lare lare niku betah,merga teng bapake lare angkringane diparingi jaringan internet Wifi mbok….etung etung nulung kalih bocah bocah sing boten gadheh kuota kangge garap tugas.

Krungu wangsulane anak wadon,, mbekayu Tebok seneng atine, sajrone masa pandhemi Covid, bocah sekolah urung teyeng sinau bareng bareng nang sekolahan maning, nanging ana cara kanggo sinau ya kuwe kanthi cara sinau nganggo Internet sing arane sinau Daring.

Sinau kanthi cara daring pancen wektu siki lagi dadi kembang lambe kabeh wong tua sing duwe anak padha sekolah.

Muga muga sinau kanthi dharing wektu siki bisa kanggo dalan mukti lan mulyane anak putune rika lan inyong kabeh. Lan muga muga pageblug Corone enggal musnah, mula panguripan sing aman nyaman enggal katekanan maning….

Klilaaannnn.

 

 

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *