Papan Lebur Dening Tulis – Dening : Kang Tarko

Dopokan Kak Sutarko
Dopokan Kak Sutarko

Klamit, kula bumbu lading, ketemu maning karo inyong nang dopokan simpul pramuka.

Karo rengeng rengeng ngglenggeng, nembang jawa dhandhang gula, uwa ca menawi sore -sore njagong jegang nang risban ngarep umah, karo uthak-uthik nganam irat-iratan pring jere arep digawe teplak lalen.

Dasar uwa ca menawi panen wonge tlaten lan ora gelem meneng, senajan umure wis merek atusan taun nanging esih sefer, waras bedhigas.

Kang nakim sing sore kuwe uwis rampung goli mokal gawe, kaya padatan kloyong keriuong pada kumpul rubug-rubug keong, dopokan nang umahe cu menawi, sajarone jagongan karo ndopok, kang nakim ngudarasa maring uwa ca, kaya inyong rika kiye jam wis ketinggalan jaman cubluk nalare merga ora teyeng maca, nulis, jaaman rika lan inyong kuwe maca ngetung nganggo papan sing wujude kothak.

Bacaan Lainnya

Kothak nganggo dhadu cilik, temibane nang angka pira banjur dieting bakal ketemu apa ramalane. Nanging sekiye apa bae wis teyeng dingerteni merga ana tulisan-tulisan nang koran, majalah, televisi malah sekiye lewih maen maning uwa tulisan nang internet, mulane tulisan apa bae.

Lan tulisane sapa bae wis teyeng di ngerteni di waca wong saluhuring jagad. Apa maning sekiye Pramuka Purbalingga sasat dadi masinis, dadi pengarep, padha greget, semangat nang babagan nulis mula bukti kang tulisane melu madhangi jagad lan melu nyumbang kewajibane bangsa lan dunia jan ana baen – baen tandang gawene Para Pramuka goli pada prigel nulis.

Tulisane para Pramuka uwis ora etungan di ruwat nang koran, metu nang TV, molah uga akeh banget sing metu nang TV, malah uga akeh banget sing metu nang warta warta penting nang internet. Tulisane Para Pramuka, sing ngemot babagan Pendidikan, keterampilan, kegiatan lan lia-liane bener-bener wis gawe pawongan padha melek lan ngerti apa bae.

Cara Mbekayu Tebok goli ngarani, Pramuka menulis untuk devisa. Kuwe ora maning slogan lan omongan thok, nanging bener-bener wis dadi kasunyatan. Mulane uwa ca, weling kena awak putu sing dadi Pramuka aja aja leren goli nulis, bacutnamerga kanthi tulisan inyong kabeh, dadi ngenteni dan bisa mbuka tabir dunia.

Hidupkan slalu ide untuk menulis ….!

Klilan ….

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *