Klamit……kula bumbu lading.
Ketemu maning karo inyong nang dopokan Simpul Pramuka lembaran kiye, muga muga kanca batir sedulur kabeh tansah pianringan seger waras.
Uwa Ca Menawi seketelon agi padha ngresulah, dene kahanan siki. Akeh banget perlaya lan bencana, anatarane ya kuwe ana bencana banjir, lemag longsor, gunung mbledhug la napa pageblug lelara lan Covid 19 urung binglas.
Uga ngresulah dene pekolihe gole ngolah lemah lan tanem tuwuh tetanen padha wurung panen merga diserang ama lan penyakit,uga kala kala tanduran sing gari panen keterjang banjir ,mula nuwuhake kabeh tanduran ludhes. Ora mung kuwe, banjir uga ngurask papan panggonan lan wewanguan masarakat.
Kahanan sing mengkono gawe susah,perih atine mbekayu Borek, kang Nakim Lan Uwa ca Menawi, mbekayu Borek lara atine , rasa kaya diremuk remuk ndeleng kahanan sing mengkono, sasat kaya udan luh.
Kang Nakim sing pengupajiwane nggulawenthah tetanen, siki lemahe wis cengkar utawa tandhus mula pekolihe ora akeh kaya wektu sing kepungkur.
Uwa Ca menawi uga melu ngrasakna dene kahanan ereng ereng gunung wis padha gundhul,lemah-lemah padha cengkar,lan sesawangan wis ora endah kaya jaman bekana. Kali- ali padha sat, mula tangga teparo lan kanca batire angger mangsan terang nembe rong wulan bae wis padha kelngkengan kurang banyu.
Karo ngusap luh sing ndlewer nang pipine, mbekayu borek takon maring uwa ca, kepriwe carana gole ngadhepi kahnan bumi sing selotb tua lan rusak, tapi uriping menungsa esih ber abad abad kapingarepe, lan apa sing kudu dilakoni, supaya anak,putu butyut lan turunane inyong kabeh mbesuk tekan seteruse supaya tetep bisa urip kanthi aman,nyaman lan kecukupan banyu lang penguripan liya liyane.
Uwa ca, krungu kewatire Borek lan Nakim, banjur menyat sekang jagong jegange, tumuju merek maring Borek lan Nakim, tumuli aweh kojah lan pengerten.
Anane kahanan saiki sing akeh bencana, perlaya lan pageblug kuwe, kabeh merga ulah lan tekone menungsa sing srakah lan ora tanggung jawab. Menungsa kur padha nggunggung napsu lan kepengine dhewek,alas dibakar, alas ditebang sewenang-wenang,kali diracun, mbuang runtah se enggon-enggon. Pokal lan Tindakan menungsa sing kaya kuwe, dadi nuwuhna banjir,lonsor lemah cengkar lang awe rusak lan kotore lingkungan mula ndadekna pageblug lan penyakit.
Mula Uwa ca aweh weling, ora nana dalan lia, ora nana car lia kanggo njaga bumi lan seisine supaya tetep bisa aweh penguripan sing temata ya kuwe, inyong lan rika kabeh seaanak putu buyute kudu melu njaga keamanan lan kelestarian bumi, air ,udara seisine.Dene carane njaga lan ngletarikana alam lan lingkungan yakuwe, sedulur kabeh sing uripe nang laladan alas luwung,alas roban apa dene alas utawa hutan produktif kudu melu jaga kanthi becik. Sedulur kanca batir sing uripe nang laladan hutan lindung utawa cagar alam, kudu njga wutuhe alam
sekitare aja ngasi dirusak semena mena. Dene kanca batir sing uripe nang tlatah kali utawa segara,ya kudu melu njaga kebersihan lan amane kali lan segara sing minangka kanggo papan golet pangupajiwa, mula pekolihe sing metu sekang kali lan segara tetep akeh, mula bisa kanggo nyukupi kebutuhan urip pedinan keluargane.
Kanggone kanca batir sing kebener uripe adoh sekang luwung,adoh kali utawa adoh segara, lan sing perkotaan, uga kudu melu sengkud cancut tali wanda melu njaga kelestarian bumi,air lan seisine kanthi cara mbudi daya lahan sing ana sakiwe tengen umahe kanthi ditanduri tanduran sing kena kanggo aub-aub, kena kanggo penghijauan, lan sukur sing bisa dipanen who wohane, uga kudu tansah njaga kebersihan lingkungan, supaya ora nuwuhna bencana banjir lan ora ndadekna lemah lan udara kotor utawa tercemar, sebab polusi udara banyu lan lemah bakal gawe rugi marig inyong lan rika kabeh.
Kang Nakim krungu kojahe uwa Ca, kur manthuk manthuk thok. Pancen bener anane bencana lan cengkare bumi merga sekang polahe menungsa sing srakah lan ora peduli maring bumi pertiwi lan lingkungane, mula kang Nakim nang dopokan kiye ajek maring kanca batir sedulur kabeh, mayuh bareng bareng kanthi sadhar lan iklas padha Nylametna bumi pwrtiwi kiye,merga Bumi sing gumelar kiye kanggo urip nang masa dhepan,SATU BUMI UNTUK MASA DEPAN.Slogan kuwe mau bisa diwujudna kanthi cara dimulai sekang awake dhewek kanthi nggunakaken lemah senajan paribasan mung duwe lemah sedumuk Bathuk, lan senyari buni kudu dimanfaataken kanthi becik.
Kanthi Gerakan SeNyari Bumi muga muga uripe inyong rika lan seanak putu,buyut kabeh kapingarepe bisa urip sing enak lan kepenak. Amin……
Sedulur…..kayane gendhu gendu rasa lan dopokan lembaran kiye cukup semene dhisit muga bisa ketemu maning nang lembaran candhake…
Klilan……
