Dopokan | Bubur Abang Bubur Putih

Dopokan Kak Sutarko
Dopokan Kak Sutarko

Klamit…. Kula bumbu lading

Ketemu maning nang dopokan Simpul Pramuka edisi kiye

Merdeka ….sekali merdheka tetep merdheka.

Ora krasa cempulek wis ana neng wulan Agustus, wualan sing mujudaken wulan kamardhikane bangsa Indonesia,tahun 2021 kie bangsa Indonesia wis merdheka lawase 76 tahun.

Bacaan Lainnya

Mbekayu Borek karo kang Nakim sing sore kue agi padha dopokan nang gubugane uwa Ca Menawi,padha katon sluntrut, ora kaya biasane.

Baca Juga: Kembang Lambe

Biasane wong seketelon padha pating cekikik, nanging sore kuwe, kang Nakim lan mbekayu Borek padha kami tenggengen ndelengna uwa Ca sing agi gisus gawe seret janur kuning. Sajrone ndelengna wa Ca menawi, jane pitakonan sing ora kewetu neng tenggok.

Baca Juga: Tumbu Nemoni Tutup

Karo sewara sing gemeter, mbekayu Borek takon maring wa Ca, agi kepriwe si wa ? deneng rika tek mat matna kawit mau meneng ora segu ora wain, bebasan ora metu swara entut gabug acan?

Baca Juga: Ayo Ikut Kompetisi Sosialisasi dan Edukasi Duta Perubahan Perilaku. Pendaftaran Ditutup 12 Agustus 2021

Krungu pitakone mbekayu borek, wa Ca menawi banjur ndengengek karo ngeluk beyekanebanjur ndeleng kang Nakim lan Mbekayu Borek wong sekeloron.

Karo ndudut ambekan sing wis saya cekak, wa Ca banjur mrecekah, kaya penginyongan, lan ko kabeh, umume bangsa Indonesia agi di uji .

Biasane nang wulan Agustus, kabeh bangsa Indonesia padha grengseng,gayeng ngrameni dina Kamardhikan, nanging siki kabeh kudu padha anteng merga ana pageblug Corona.

Nanging senajan ana pageblug ,inyong kabeh kudu tetep semangat, lan gayeng ngrameni dina kemerdhekaan taun kie kanthi cara sing ditetepna nang pemerintah.

Lah arep gayeng priwe wa ? siki apa apa ora olih, mengkono pitakone kang Nakim maring wa Ca, krungu pitakone kang Nakim, wa Ca banjur menyat boyong maring salu anjutan nyruput wedang clebek sing kebul kebul gaweane mbekayu Borek.

Sawise nyruput ana telung sruputan, wa Ca mbacutna olehe mercekah mangsuli iatakonane kang Nakim. Senajan siki penginyongan lagi ora olih ngapa ngapa, nanging jiwa , semangat nguri nguri lan ngisi kamardhikan kudu tetep mekantar kantar.

Mbekayu borek melu nrimbung baen takon maring wa Ca, wa, mageh jajal apa sing inyong lan rika padha teyeng nglakoni seperlu kanggo udhu udhu melu ngrameni pengetan kemerdhekaan taun kie?

Paribasan Rong nggon Kadhal, won g gon akal, ya ko sekeloron aja cubluk nemen nemen. Akeh sing penginyongan lan ko teyeng dilakoni, kayata masang gendera abang putih, bersih lingkungan, masang gapura.

Dene inyong lan ko padha kudu bersukur, merga esih bisa ngrasakna kahanan jaman sing merdheka, kepenak kaya kiye.

Nanging mergane kahanan siki lagi kenang pageblug Corona sing ora uwis uwis, mayuh bareng bareng Ndonga maring arsane Gusti sing Maha Kuwasa supaya pageblug Corona gegen sirna, lan kanggo sarana nyegah supaya ora ketularan virus Covid 19 utawa narian liane, inyong kabeh kudu disiplin wisuh tangan, nganggo masker, njaga jarak, aja kumpul kumpul lan aja lunga lunga.

Kanggone inyong lan ko padha,ayuh nggolongna tekad, mantepaken semangat kemerdhekaan,angger jaman gemien kaki buyute inyong gole mujudaken jiwa lan semangat kemerdhekaan kanthi pralambang masang seret janur kuning karo gawe bubur abang bubur putih.

Werdine seret janur kuning kuwe pralambang mateng tekad, lan kuate semangat lan karepe bangsa Indonesia ngrebut kamardhikan sekang penjajah.

Dene werdine Bubur abang lan bubur putih, minangka pralambang wani mbelani gegayuhan kang luhur kanthi pangorbanan jiwa raga malah tekan wutah getih, seperlu kanggo ngrungkebi bumi Nuswantara.

Mulane ayuh sedulur kabeh, najan lagi kena pageblug Corona, semangat aja luntur, tetep holobis kuntul baris, saeyeg saeka praya, bareng bareng ngisi kamardhikan nerusaken cita citane para Suhada.

Sekali Merdheka Tetep Merdheka.

Klilan….

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *